172020cerita wayang ramayana bahasa jawa mngukin sudah ada yang tahu ya tentang cerita atau legenda ramayana yang sangat terkenal di indonesia khususnya masyarakat jawa dan bali. Source: Memiliki banyak sebutan, mulai dari legenda, cerita rakyat, mite, peribahasa,. Source: mmc.tirto.id.
Sintha Kandhusta Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari. Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana. Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama. Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka. Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga. Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama. Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha. Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake. Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka. Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.
Indrajidmelu ngewangi rahwana iku mati sisan. Akhire kedadean perang sengit antara rahwana laan rama. Rahwana mati dipanah karo rama lan deknen dicepit ing gunung. Sakwese menang ngalahke rahwana,rama ketemu meneh kaliyan shinta. Nnaging rama curiga karo kesuciane shinta,sakwese diculik karo rahwana nganti suwi.
Crita wayang kang asring digelar ngandharake crita wayang Ramayana lan Mahabarata. Crita wayang Ramayana uga digelar kanthi sendratari Ramayana ana ing plataran candhi Prambanan. Lakon kang dicritakake ana ing crita Ramayana iku maneka warna. Crita Ramayana ana ing khazanah sastra Jawa kang awujud kakawin Ramayana. Ramayana dumadi saka tembung Rama lan Ayana kang tegese lelakune sang Rama. Ramayana dumadi saka basa Sansekerta. Ing tlatah Jawa, naskah Ramayana paling tuwa kang tinemu yaiku kakawin Ramayana kang awujud tembung gedhe. kakawi kuwi katulis nganggo basa Jawa Kuna ing Jawa Tengah lan diarani adikakawin amarga kaanggep kang kapisan, dawa dhewek. Crita Ramayana uga katatah ing Candhi Prambanan. Ing Candhi Prambanan iki, uga kagelar sendratari Ramayana ing platarane. Ramayana kaperang dadi 7 kanda kang diarani saptakanda yaiku Balakanda Kitab Balakanda iku pinangka awal saka lakon Ramayana. Kitab Balakanda nyritakake Prabu Dasarata, Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata peputra papat, yaiku Rama, Bharata, Lakshmana lan Satrughna. Kitab Balakanda uga nyritakake Sang Rama kang kasil menangake sayembara lan nggarwa Sinta, puteri Prabu Janaka. Ayodhyakanda Kitab Ayodhyakanda nyritakake lelakone Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sinta lan Lakshmana marga panjaluke Dewi Kekayi. Sawise iku, Prabu Dasarata kang wis sepuh banjur seda. Bharata ora gelem dijumenengake dadi Raja, dheweke banjur nyusul Rama. Rama nampik yen kasuwun bali menyang Ayodya. Bharata jumeneng nata pinangka sulih Sang Rama. Aranyakanda Kitab Aranyakanda nyritakake babagan uripe Rama, Sinta lan Lesmana ning satengahing alas nalika lagi nglakoni masa pengasingan. Ana ing satengahing alas mau, Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa diganggu karo raseksa. Kitab Aranyakanda iku uga nyritakake babagan babagan Sinta sing diculik karo Rahwana lan crita babagan paprangane Rahwana karo Jatayu. Kiskindhakanda Kitab Kiskindhakanda nyritakake babagan lakon ketemune Rama karo Raja Kethek kang aran Sugriwa. Sang Rama mbiyantu Sugriwa kanggo ngrebut krajaane saka Subali, kakange Sugriwa. Ning perangan kuwi mau, Subali mati. Banjur Sugriwa didadekake Raja ning Guwa Kiskindha. Sabanjure Sang Rama karo Sugriwa dadi sekutu kanggo numpes Kerajaan Alengka. Sundarakanda Kitab Sundarakanda nyritakake babagan lakon tentara Kiskindha sing lagi mbangun jembatan Situbanda sing nggabungake antarane India karo Alengka. Anoman sing dadi dudutane Sang Rama lunga menyang Alengka lan ngadhep karo Dewi Sinta. Ning kana Anoman ditangkep. Ananging bisa ucul lan ngobong ibukota Alengka. Yuddhakanda Kitab iki nyritakake lakon paprangan antara laskar kethek dhuweke Sang Rama karo pasukan Raseksa Sang Rahwana. Ceritane diwiwiti nalika usahane pasukan Sang Rama bisa nyebrang segara menyang Negara Alengka. Ananging, bebarengan karo iku wibisana ditudhung minggat karo Rahwana amarga kakean menehi pitedah. Ning paprangan, Rahwana dikalahake karo Rama nganggo senjata panah saktine Sang rama. Sang Rama bali menyang Ayodhya kanthi slamet karo Dewi Sinta. Uttarakanda Kitab Uttarakanda nyritakake lakon diguwake Dewi Sinta amarga Rama krungu kabar-kabar saka rakyat utawa warga sing ora percaya marang kasuceane Dewi Sinta. Banjur Dewi Sinta manggon ning pratapan Resi Walmiki lan nglairake Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa mara menyang kerajaane Rama nalika lagi dianakake upacara Aswamedha. Nalika iku dheweke kabeh nyanyikake Ramayana sing digubah dening Resi Walmiki. Sumber
Ceritawayang ramayana bahasa jawa mngukin sudah ada yang tahu ya tentang cerita atau legenda ramayana yang sangat terkenal di indonesia khususnya masyarakat jawa dan bali. Sawijining dina ing kerajaan mantili ingkang kerajaan ramanipun dewi shinta, asmane prabu janaka. Source: berbagaicontoh.com.
Ramayanaterdapat dalam sastra Jawa dalam bentuk Kakawin Ramayana yang telah digubah dalam Bahasa Jawa Kuno. Pujangga penciptanya diperkirakan hidup di Mataram Kuno pada masa pemerintahan Dyah Balitung, atau sekitar 870 M. Namun, Kakawin Ramayana versi Jawa tidak sepenuhnya mengacu pada kisah kepahlawanan dari India yang ada di Kitab Ramayana.